Tuesday, 5 March 2013

roghib cah medjieng

فيركورو كنغ نضحك فرق تكن دينه قيمة
ديني فيركارآ كنج نو دو ها كي فا ركي تقاء ني دينا قياء مات إيكو أنا روغ ورنا.أنا كنغ كليك عياء إيكو كنغ دين أراني علامة صغرى؛لأن أنا كنغ جدي عياء إيكو كنج دين أراني علامة كبراء.
ويو إيت ويو تا ني علامة صغرى ما أو عياء إيكو فساء هي بولان أنا إنج زمان سو جينج فا نجي ننجآن دليم قصتي كآنجيينج نبي 

"menurut kitab ففر إلى لله  "

Perkoro kang nuduhake pareke
tekane dino kiamat
     dene perkoro kang nuduhake pareke tekane dino kiamat yoiku ono rong werno.ono kang cilik yoiku: kang den arani 'alamat sughro;lan ono kang gede yoiku: kang den arani 'alamat kubro.
wiwit-wiwitane'alamat sughro mau yoiku:pecahe bulan ono ing zaman sugenge panjenengan gusti kanjeng nabi محمد saw .
    dene pungkasane 'alamat sughro iku besuk manungso podo menangi zaman wali'an utawa zaman sengsoro.ing tembung gawe den arani zaman ewuhoyo.tegese zaman riyuh utawa zaman pakeuh.
     miturut istilah udojoyo:mangsane umat محمد saw iki kebagi dadi limang undak.iyo iku tirto ,karto,duporo,kali udo,sengsoro.
     miturut syeh syubakir,kang ing dungengane tahu numbali gunung tidar magelang wektu tanah jowo isih wujud alas blegedegan kaisi dedemit ilu-ilu jengketan bekasaan jin perayangan sanunggalane:semongso tanah jowo wus pindah dening cino jepang,sekawit iku wong jowo mulai ngencik zaman sengsoro.

WONTEN KEDADOSAN PUNOPO
ING SAK LEBETIPUN ZAMAN SENGSORO?


-ing sak jerone zaman sengsoro mahu akeh wong jowo keno finah dening sanak.
-wong priyo dadi wadon.
-wong wadon ilange wirange.
-arang-arang manungso kang eling.
-karepe wong piodo murko.
-ono perang pupuh.
-akeh wong mati kobongn.
-ramene wong buru dunyo,nanging arang kang metu dalan kang halal.
-nom-noman akeh kang malecur.
-akeh wong podo rusak-rusakan umah.
-masjid lan langgar ratau disobo..
-wong keno perkoro,akeh kang liwat dalan arto maring jaksa murih den slametake songko perkarane.
-agamane wong kalah karo arto.
-dulur dadi wong liyo,wong liyo dadi dulur.
-wong temen(jujur) den gorohake,ahli goroh podo den turut.
-wong aman den hianati,ahli hianat den percoyo.
-akeh wong ngombe arak.
-akeh wong pinter keblinger.
-wong ngerti ketriwal-triwal.
-akeh wong pasulayan bab waris.
-ono udan mongso ketigo,yoiku:sing diarani udan salah mongso.
-cacahe wong wadon luweh akeh ketimbang wong lanang,nganti wong lanang 1 jumenengi wong wadon 40.
-jagat soyo mungkrat.
-lakune mongso ugo cepet;nganti setahun koyo sewulan,sewulan koyo sejum'ah,sejum'ah koyo sedino,sedino koyo sejam,sejam koyo lawase urube blarak(godonge klopo sing garing).
-arto mung dinggo pemerintah.
-angele golekwong kang kenoden percoyo,koyo golek barang jarahan.
-zakat kanggo piutang.
-akeh wong golek ngelmu koyo wudaling laron ngancik mongso labuh,nanging sing akeh ora krono agomo  balek krono pangkat kasinggihan kanggo buru kemewahan dunyo utowo kanggo nggedeake isine teleh(weteng).
-angele golek wong kang ngerti adab agomo,koyo jaran kang nduweni sungu.
-wong lanang ngiblat bojone,wani karo biyunge.
-akeh anak lali karo bopo,bopo lali maring swiwine.
-ono germo macak kyai.
-ono demit munggah masjid,langgar gawe digar.
-saben kampung den kepalai wong fasiq.
-wong mulyodadi asor,wong asor biso munggah pangkat.
-ono wong lanang den mulya'\'akekerono wedi alane.
-suarane wanudiyo koyo angin,yoiku:serupom wadonpenyanyi, ahli musik,sangkres,biola,rebab,tari-tarian lan sak panunggalane.
-ono bumi malek ing sakjrone telung panggonan : kang kapisan wus kedadean ing tanah arab ono ing zamane 'Abdulloh Bin Zubair jumeneng ngrajani  negoro madinah sewene,bumi malek telung pan ggonan mahu nganti kedadean ing tanangh asia. yoiku ono ing bushoiroh kang ono ing sak jerone benua persia kang msyhure saiki den sebut negoro iran.
Siji maneh kedadean ing tanah maghrib(eropa{antarane jerman inggris}).
Banjur kapingb telune bakal kedadean ono ing jaziroh arab antarane mkkah madinah sak cede'e dzil khulaifah.

karepe bumi malek mau yoiku bumi bengkah sebab gegowo seko gadene lindu nganti omah-omah akeh sing jungkir walik,manungso akeh sing mati,ugo akeh sing ilang musno sebab den untal dening bumi mahu.semongso siro wus menangi wudaling wanudiyo sangkres lan ahli musik,serto wus krungu werto(kabar) ono lindu utowo gempa bumi koyo kang kapertelaake ngarep mahu,sak wuse iku banjur 'alamat pareke tekane kiamat kubru tansah dhihir terus menerus tanpo kendat kyo runcian kalung kang ora sinambung.Agomo pecah dadi 73,nanging kang den ridhani dening Allah mung siji yoiku kang den ugemi dening kanjeng nabi lan priyagung poro shohabat.
-ono wong umuk ngaku dadi nabi,
-kebodohan dhohir.
-amar ma'ruf sirno.
-lakon minkar tansah terus menerus werto ing endi-endi panggonan.
-wong sholeh ora den aji-aji.
-ulama-ulama gedhe podho den pundhut.
-akeh wong maedu kitab,lali maring Allah.

   Titenono yen wis ono.mongso mengkono,bendune Allah jur soyo agung,akeh musibah ing tanah jowo;angin chamro' ngamuk;umah lan kekayon akeh sing rubuh;manungso pun akeh sing kerem nang samudro;gemludug suwarane gunung,obah kang bumi rengko;gonjang ganjing gunung guntur;rewutan lindu prapto;udan awu;udan krikil;lan akeh pageblug,akeh wong mati ngaget.

    Ono manungso mengkono mahu,anak putu wekas ingsun:wong eling kelawan lali isih bejo,wong eling eling kelawan waspodo.

ففر  أو إلى الله  فادى لو ماء كو مارانج الله فا نغير آنيينج جيجا د قبيح.


Ngalamat Kubro

Badhe wonten menopo ing sak lebetipun mongso ingkang badhe kelampah?

ing sak jerone mongso kang bakal kelakonono ing dunyo iki bakal kedadean 10 perkoro yoiku:metune dajjal,jemedulemimam mahdi,temurune janjeng nabi Isa as,metune ya'juj dan ma'juj,metune srengenge seko kulon,mubaling belok(kebul/asap),rusa'e ka'bah,sisrnone Al-Quran,metune bedideng(hawa adem),nuli metune geni, lan rusa,e jagad ak teruse.
persenono kang kapertelaake ing ngisor iki:

دجال (dajjal)

dajjal iku titah bongso manungsoanak turune wong yahudine negoro madinah,den dhohirake naliko zaman segenge gusti kanjeng nabi محمد SAW.dajjal mahu naliko ngumur topo lan mungkin kang disebut dening bongso ngarob ibnu soyyad/ibnu syaid ,ono ing hadist nabawi lan dunia islam nganti saiki kasebut aran dajjal,tegese wong kang banget gorohe.
kedadeane dajjal iku gedhe banget,ora ono menungso sing gedhene ngluwihi dajjal.
pawaane gogot,sirahe,kuncung,rambute gembel,kaku koyo duk,mripate sisih polos sing siji mondol,ugo turu kiyo menungsonanging atine ora turu,ono ing antarane mripat lorone dajjal mahuono tulisane kafir.tulisane mahu hurufe pental-pental(ك ف ر ).ngisor tulisane mahu ono tulisane maneh;sa'iidun man khoolafatun wasyaqiyyu man athoo 'ahu.tegese:bejo wong kang nulayani dajjal,lan ciloko wong kangtunduk maring dajjal .
dajjal iku nganti saiki isih urip,separone ngumure wes luwih seko 1300 tahun.ing dini iki isih di bondo lan di uger rante wesi kang kuat tur kukuh banget.besok yen wus ono mongso medeking/paceklik perang turki,yoiku ngember-ngembere dajjal bisi ucul songko bebandan banjur ngamuk sejo arep nyasarake manungso sak dunyo supoyo wong-wong pdo miturut lan gugu maring pangkune lan pengucape dajja kang banget bohonge iku.

 mongso medeking utawa paceklik

 Paceklik kang den dawuhake ing kitab iki besok lawase nganti telung tahun(3 thun).sak jerone mongso paceklik mahu kewan akeh sing mati,sak jerune tahun paceklik sing kaping manungso ugo akeh sing mati kaliren(keluwen),jalaran sak jerone tahun paceklik sing kaping telu mahu babar pisan ora ono udan,bumi ora ono pawutane,ora ono ijo-ijone,wit-witane podo brindel,langit-langit resik ora ono mendung,bumine akeh sing maleh abang koyo abange boto utowo tembogo,.kang dadi aya ing tanah jowo wektu iki 6 empere,yoiku;bumi sak grempel ing deso mbadung ono ing ratan sing mujur ngalor jurusan maring batu ampr-maduro.wong monco negoro kang sumadya ziaroh maring makom keramat ing batu ampar,akeh-akehe podo liwat deso mbadung.ono ing ratan kang kasebut ono ing deso mbadung mahu.ono bumi sing rupane abang koyo abange boto utowo tembogo,lan teko bumi abang mahu sekawit ono bocah moro,ngemis.koyo mengkene iki gunane ora adoh kejobo mung suko roso yen sak jerone paceklik besok akeh wong grangsang,akeh tukar padu,paten pinaten sak penunggalane.anane den suroso mengkono jalaran Alloh wus nduduhake yen sekabehing tumitah iku tentu ngandung guno lan hikmah kang sak mestione kudu den alap ngibarat lan den mangerteni isyaroh-isyarohe.semono ugo kabeh laku-lakune kawulo besok dino kiamat ono ing dunyo kene Allah wus paring tepo tulodho kang cukup ono ing ngarepe,kawulo kang gelem mikir tekane dino kiamat.

fa'tabiruu yaaa ulil al-baab.(mulane podho nepo tulodhoho siro kabeh hei wong kang anduweni ngakaal)

pangane wong mukmin ono ing mongso paceklik
Ing sak jerone paceklik mahu,manungso rumongso putus,ora biso ihtiyar pangupo jiwo,kang podo iman bisane mung pasrah maring Allah.ono ing mongso mengkono mahu wong mukmin supoyo sabar,tawakal,lan tobat sarto ngakeh-ngakehake moco tasbih,tahmid,tahlil lan takbir /tamjid.Jalaran wacan mahu biso dadi gantine pangan kang anjalari warek.

ففر أ الي لله    

perang turki

 karepe perang turki yoiku;perang antarane wong islam lan wong kafir bongso turki.peperangan iki besok gedhe banget ora koyo perang zaman sohabat ja;lara sak jerone peperangan mahu,wong islam lan pihak lawan podho amuk-amuk an .wong islam tekade gedi banget.ora wedi udan p[luru,udan mimios.kang den ioliongi mung nyowo.asal nyawane isih menghembus,tekadetetep perang sabil.
pirang-pirang wong islam sing tanpo senjoto banjur ninggal ing barisan musuh, nganti kedadean gelut.yoiku sing ono ing hadist den sebut"almalchatul'udhma".ono ing peperangan iki sing mati akeh banget,den tutur ono ing syarah mukhtashor shochiichut turmuizdi.
umpomo sing perang iku jumlah ono wong 100,sing urip kiro-kirone mung kari siji(1).ing sak jerone peperangan iki wong islam di paringi menang ngantio biso ngrebut kutho kostantinopel sing saiki diarani kutho istambul.yoiku sewijine kutho sing manggon ing tanah rum kebangsaan turki.*

yen paceklik lan perang turki iki wus kelakon,ora antara suwe banjur dajjal biso ucul seko bebandan nuli ancah-ancah bumi liyane makkah lan madinah.

nggon metune dajjal

dajjal iku besuk metune songko khurasan .khurasan iku swiji kutho sing manggon ono ing tanah persia.persia mahu saiki den arani negoro iran.ibu kotane den sebut taheran.lan isih kelebu tanah masyrik(asia)ing wektu dajjal lagi metu/utowo ucul seko bebandan,dedege mung 10 dziro'.tingkah lakune ngimbo-ngimbo koyo tingkah lakune wong sholih(ajak kebecian).wong" akeh seng kelu suwe-suwe ngaku dadi nabi.wong kang atine iman maring Allah banjur podho megu/mlengos(anggorohake dajjal).jalaran wong mahu ngerti yen sakwuse MUHAMMAD SAW.ora bakal ono nabi anyar.
akhire,barang lakuni dajjal wus tekan khallah(yoiku dalan antarane ngiroq lan syam )banjur ngiwo nengen gembar gemborngaku awake iku pengeran kang biso nguripi lan biso mateni kanti nganakake kedadean-kedadeansing nulayani ngadat.
wiwit iku wong mukmin banjur podo sumingkir sarto banget olehe podo anggorohake maring dajjal.jalaran wong mukmin mahu ngerti yen Alla Ta'ala iku kejobo ora jirem,ugo mora biso den tingali dening mripat wong urip ing ngalam dunyo liyane kanjeng nabi MUHAMMAD SAW naliko waktu mi'roj.inghale dajjal mahu kejobo jirem lan siwer mripate,kedadeanipun anggegilani.
sopo wonge ngaku-ngaku ono ing dunyone weruh pengeran(ALLAH) kelawan mripate,mongko wong iku dadi kafir zindiq,lacut lan gejlungub ono ming jurangdholalah.

fithnahe dajjal

 kucapo:barang dajjal ngaku pengeran,banjur awa'e biso mundak gedhe dwur bange.nganti segoro sing banget jerune mung sak lempinge/polo,e.mengkono ugo tulisan kang ono ing antarane mripat lorone dajjal banjur ceto keleng-keleng biso kawoco songko kadohan lan songko cedak.wong iman marang Allah gorohake maring dajjal podo biso moco tulisan mahu senajan mahu-mahune ora ahli moco lan biso tulis.
dajjal ngowo suargio neroko ono ing tangane.suargone dajjal ketok lan rupo-rupo songko panganan lan umben-umben sing edi peni,kanggo nyediani wong-wong simg piodo manut dajjal.
wong kang den leboake suargane dajjal iku tandane keno bujuk banjur kelebu golongane wong kafir kang bakal langgeng ono ing nerokone Allah.wal'iyadzubillah
dene wong sing di uncalake maring nerakane dajjal yoiku tondo oleh pitulunge Allah banjur kelebu golongane wong mukmin kang kukuh imane marang Allah lan kelebu setengah songko gede-gedene wong mati syahid kang bakal merkuleh kemulyaan abadi seko pengebang-ngebange Allah besuk ingdalem suargane Allah Ta'ala.

dajjal muni:ei langit udano!sak naliko udan.hei bumi tokno sesimpenanmu!sak naliko bumi mao ngetoake rupo emas-emasan sak piturute.banjur mes-mesan sak piturute podo nginthel dajjal.merintah kayu garing supoyo metu godonge,sak naliko kayu garing mahu biso ngrembuyung.merintahi bumi garing supoyo ngetokke tetukulan,sak naliko metu wit"an.dajjal merintahi bengawan supoypo sat,saknaliko sat.merintahi kali supoyo mili banyune,sak naliko milibanyune.dajjal kinersaake biso ngindik lakune srengenge nganti lakon sedino biso dadi pirang-pirang dino,pirang"wulan.ugo biso nyepetake lakune srengenge nganti lakune sedino dadi sak jam.

gelising crito;opo sak ucape dajjal kasembadan nganti,lamun ono wong kepengin di petukake bpk biyunge sing wis mati,ugo biso di petuakake. nanging kok bapak biyunge temen ngunu po dudu?balik yoiku syaitan mindo-mindo bapak biyung banjur ngerih-ngrih(ngrayu) mengkene:hei ngger anakku,becik siro iku ngandelo/percoyo lanmituruto wae marang pengeran iku(dajjal).supoyo urip iro ora kesurang-surang(rekoso),cobak delengen aku wong tuomu,anane awakku biso mewah koyo mengkene iki,yo mung sebab somgko olehku miturut maring dajjal.sak temene pengeranku iki ugo pengeranmu.
koyo mengkono mahu banjur akeh wong kang keno bujuk nuli podo milu dajjal.gegandengan ing wektu iku panguripane wong urip banget rekasane.jalaran ing wektu iku panganan kejobo ono ing tangane dajja sak balane,sesimpenane wong mukmin rupo emas-emasan sak piturute,ugo akeh sing ilang musno sebab keno sihire dajjal banjur sesimpenan mahu podo milu dajjal.ono ing zaman dajjal syaitan syaitan podo kumpul karo menungso.tegese,syetan podo mindo-mindo manungso,ono sing mindo-mindo wong tuone,utowo mbah-mbahe sing wis mati,utowo mindo-mindo kiyaine,utowo konco sing wis kenal apik banjur ngrayu ngrayu kanti sulah bowo lan tembung kang manis lamis supoyo wong-wong podo manut maring dajjal kang banget.




wilangane wong kang keno bujuke dajjal




No comments:

 
TANDA KIAMAT © 2011 Templates | uzanc